Kamis, 10 April 2008

Saka Kalbu

Sumamburat jagat candhikala jingga ing brang kulon
perangane ora ngerti aku wira-wiri ing sapinggire nggawan bojonegoro
keprungu swarane banyu kang agung sore iku

jiwa kang sinirep candramu duh cah ayu...
pikir kang suwrawut mung ngrasa kangen marang sliramu duh prawan ayu
dhuh...swarane jantung kaya sigrak kendang tipung lelagon katresnanku

wis kepara lawas aku nyimpen rasa kang rinajut saka esemmu
nanging aku mung bisa nyawang tanpa bisa nyandhak, ngrengkuh awakmu ing awakku

Bayu sumriwing agawe kelem atiku
sepi...
adhem...
njekut...
atis banget...
Ing brang kulon,
nalika candhikala jingga ing pinggir bengawan bojonegoro.