Senin, 14 April 2008

Sejatine karep

Samirana sumilir nalika Hyang Ratri wus ngrengkuh bawana...
Lelintang padha gegojegan ing jembaring angkasa...
rasa iki...
duh kusumaning ati...kang dakanti-anti
kapan aku bisa nyuwun sliramu sandhing karo aku...

Reroncene melati putih gumantung ing sakdhuwure regol
mung kuwising dak arep-arep
dakanti-anti
wisa kepara lawas...nalika aku kesengsem karo sliramu

Wis ginurit ing kalbu...
yen tresnaku marang sliramu ora bakal owah
yen kangenku ora bakal sirna...
sakdurunge aku nyawang esemu nalika bagaskara nylirit ing bang wetan...