Sabtu, 12 April 2008

lelakune tresna

sanajan ora bisa sanding karo sliramu...
sanajan aku ora bisa nggandeng astamu...
sanajan aku ora bisa ngrengkuh sliramu ing dadaku...
sanajan aku...
aku kang ora bisa ...
ora bisa sesrawungan karo sliramu cah ayu...
nanging aku isih bisa mesem...
awit aku kang mung bisa guneman ing kalbu ngenani tresnaku marang sliramu...
aku isih bisa nyawang saka pojok kene nduk...
mripatmu nalika nglirik...candramu kang nyemu abang nalika ora sengaja mripatmu lan mripatku gathuk...
ah...sanajan aku ora bisa...
wus cukup kanggoku bisa nyawang sliramu ana ing bagya...