Selasa, 09 September 2008

kanggo kowe

rikala tetembangan tersna iki wus ora bisa daktembangake...
aku mung bisa nglenggana diajeng
ngurut dada

nalika apa kang dak sawang mung bisa gawe kagelan
aku mung bisa mesem...ngeremke mata

ah...diajeng
apa aku kudu ngrengkuh pucuking gunung
supaya sliramu bisa nampa katresnanku iki apa anane....

duh Gusti kang maha wikan
paringana aku kalengganan ing ati
mung kanggo ngenteni katresnane