Senin, 21 April 2008

rancak tanpa sela...

dak-rasakke...nalika katresnan iki wus ginurit sajroning kalbu
kaya tetembangan wengi saka hyang ratri...
rancak tanpa sela...

dak-rungokke...nalika kangen iki tansah gawe gela
kaya tetembangan wengi saka wulan...
rancak tanpa sela...

dak-pikirke...nalika katresnan lan kangen iki saya tuwuh...
kaya arga arep mbledug...
tak cuba nginggati...nanging tansah nggondeli...anteb...

nanging...
saya suwe...
dak-rasakke...dak-rungokke...dak-pikirke
tetembangan kuwi mung agawe gela...
kaya pedhut...atis...njengkut...
rancak tanpa gela...