Rabu, 23 April 2008

Asu...Kirik...

Asu...
yan pancen ngono aja sok gampang jenggong Le...
seprana-seprene mung bisa gawe cuwa...
semana suwene mung agawe gela-gelaning kalbu
Apa ra nyadar yen sakiwa tengenmu duweni tresna marang kowe???

Kirik...
yen pancen ngono aja sok gampang mbaung Le...
apa kang wus kok guritke ing ati ora bisa ilang ngono wae...
mung bisa ilang yen kok-kumbah karo getihmu

Asu...Kirik...
aja mung bisa jenggong lan mbaung Le...
yen kowe isih duwe karep kabagusan...